KARANGAN DESKRIPSI
Teks deskripsi yaiku jinis karangan kang nggambarake utawa ngandharake bab tertamtu, kayata objek utawa kahanan lan duweni ancas ngajak pamaca supaya mangerteni lan ngrasakake bab kang diandharake ana ing teks.
Titikane (ciri-ciri) Teks Deskripsi
1. Isine ngandharake utawa nggambarake sawijine objek utawa kahanan
2. Panjlentrehan objek ngunakake kabeh panca indra
3. Andharan ana ing teks gawe pamaca kaya melu ngrasakake apa kang ditulis pengarang
4. nggunakake basa kang cetha lan gampang dimagerteni
Struktur Teks Deskripsi
1. Irah-irahan utawa judul
2. Identifikasi
3. Klasifikasi
4. Deskripsi
5. Dudutan utawa kesimpulan
